-
Adigang,
adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané,
kaluhurané,
lan kapinterané.
-
Bathok
bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
-
Becik ketitik ala ketara - becik
lan ala bakalan ketara ing mburiné
-
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana
kang ngrusuhi
-
Emban
cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
-
Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong
pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
-
Gupak
puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké
kepénaké
-
Jer
Basuki mawa béa - Samubarang
gegayuhan mbutuhaké wragat
-
Kacang
ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
-
Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
-
Kebo
nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
-
Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén
kakarepan nanging kurang sembada
-
Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk -- Marani bebaya
-
Maju tatu mundur ajur - Prakara
kang sarwa pakéwuh
-
Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
-
Pupur
sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
-
Sapa
Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
-
Tumbak
cucukan - Wong kang seneng adu-adu
-
Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
-
Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
-
Yuyu
rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat