|
webhosting |
|
Cheap Web Hosting |
| Sarapan neng Sebelahé Mba Agni | 14
September 2006 jam 08.20 |
Esuk-esuk sedurunge maring ruang Sidang Komis aku karo P. Aryo Sarapan neng restoran Hotel. Sebenere aku wis arep mbalik maring kamar njiyot tas arep nggoleti ruang sidang sing Pembicarane P. Ahmad Tohari. Tapi pak Aryo njaluk aku ngancani Wawancara karo P. Sutadi (Ketua Panitia Pengarah KBJ) kanggo artikel neng Majalah PS. akhire wis ana 20 menitan wawancara karo Panjenengane disambi sarapan, moro2 teka panitia liyane nek ora salah jenenge mas Tedjo ngendika marang P. Sutadi nek Putri Indonesia Sampun Dugi teng Lobby Hotel. Bener, Mba Agni P (mbuh ora apal jeneng dawané) sing dadi putri Indonesia wakil Jawa tengah kuwé arep melu nekani acara Penutupan KBJ. Terus serombongan nembe teka padha sarapan neng restoran Hotel juga ndilalah ko mejane sebelahan karo mejaku lan P. Aryo sing lagi wawancara karo P. Sutadi. akhiré Pak Aryo tetep Wawancara ako kara nyawangi Putri Indonesia, lumayan ora perlu nggoleti siki malah wis ngadhep ora adoh sekang nyong. Jarene wong2 kecantikan kuwe relatif, tapi menurutku kecantikan ya standar maksude sing jenenge wong ayu mesthi modhele kaya kae... ngerti dhewek lah... Bener baen pas penutupan rampung padha rebutan foto karo mba Agni tapi aku ora melu desek-desekan soale mau esuk wis weruh suwe... |
|
|
|
| Pak, Kula Nyuwun Caping Gunung... | 14
September 2006 jam 12.10 |
Jebulé Swarane pak Gubernur Maén pisan Ya, lagu Caping Gunung sing di stel neng pembukaan KBJ oleh aplaus sing meriah sekang peserta2 KBJ. aku dhewek ya ngakune lagu sing ncrtitakna perjuangane Pak H. Mardiyanto sekang jaman Pendidikan neng Akabri nganti 8 tahun mimpin Prop Jawa tengah kuwe pancen cocok karo gambarane sing neng Lagu. Sebeneré saben peserta KBJ olih kebagian VCD lagu kiye, tapi ora nek kanggo Pemakalah. Akhire pas wis meh penutupan aku iseng maring ruang sekretariat KBJ terus ngomong 'Pak kula nyuwun VCD Caping Gunung P. Gubernur angsal' panitia njawab 'Wadhuh Mas mboten angsal stok terbatas' trus aku meksa 'Nggih kula tumbas setunggal, setunggal mawon kangge olih-olih' Panitia mangsuli 'Lha kanggé peserta saking Jateng mawon teksih kirang Mas'. Wadu...uh jebule rega Caping Gunung Larang Pisan padahal nek di pikir-pikir aku kan Wong Jawa Tengah ya, senajan dadi Pemakalah apa dheweke nganggep nek wong Banyumas kuwe dudu Wong Jawa Tengah... Dadi kelingan unek2é Pak Sugeng, Damel Propinsi Banyumas napa pak..? Pancen dudu rejekine nduweni Caping Gunung, sing jelas regane pancen larang, jarene si VCDné didol juga kanggo nyumbang Korban bencana Gempa Bumi Jateng DIJ. |
|
CopyRight © 2004
Design by Teguh Budi Sayoga
Pamungkasing
warta lan isi dipun kirim ing (last update)
Monday, September 17, 2007


| Bali karo Ahmad Tohari | 14
September 2006 jam 14.30 |
Pas lagi acara penutupan durung rampung, inyong wis mlencing maring kamar hotel kekes-kekes barang. Jaréné panitia Chek-out jam 14.00 tek deleng siki ko wis jam 13.40, padahal barang-barung ku ésih madhul-madhul durung mlebu maring koper. Bar kekes-kekes nembé kelingan nek inyong durung ngecek maring agen travel nek wis olih tempat duduk ora. Jaan temenan, ternyata jenengku ora ke cathet neng agen travel alias ora keduman tempat duduk. akhire bingung tapi tetep kudu bali awan kiye, trus maring reservasi chek-out hotel karo pak Aryo. Pas jagongan neng lobby jebul kepethuk maning karo pak Tohari, tapi lagi asyik ngobrol karo ibu-ibu sing aku ora kenal. aku dadine mikir ... mesthi pak Tohari uga lagi ngenteni travel maring Praketa, nyong spekulasi mbok menawa travelé pak Tohari ésih ana bangku sing kosong dadi bisa nunut tekan Purbalingga (ora langsung ming praketa mergané neng umah lagi ana hajatan ). Sejam luwih nunggu akhiré jam 15.15 travelé teka jenenge Tri Kusuma (deneng padha karo sing pas mangkat) akhiré temenan aku weruh pak Tohari lan ternyata ana Bpk2 liyane Asmane (ngerti pas wis tekan ngumah) P.Sugeng sing dadi dosen Sastra UMP karo P.Kuncoro Kasi Kebudayaan Diknas Purbalingga mlebu maring travel kuwé. akhiré aku takon supirée ésih ana sing kosong ora ... Alhamdulillah esih ana 2 bangku sing kosong, akhire kedaden bali dina siki. AKu njagong neng sebelahé supir (jenengé kelalén tapi wong Kaliori-Sokaraja) neng tengah ana ibu2 jumlahe 3, bangku mburi diisi P.Tohari, P.Sugeng karo P.Kuncoro. Sewisé mandeg neng temanggung ngaso karo mangan bakso semangkok neng meja dhewekan (aku nguja ora nggabung karo bapak2 mau wedi mbok malah nrusuhi), terus nglanjutna maning perjalanané tapi siki aku dadi pindhah neng mburi sebelah tengen, neng tengah P.Sugeng terus sing kiwe P.Tohari. Sempat ngobrol sedhela karo P.Tohari babagan Kamus Dialek Banyumasan lan budaya banyumasan tapi akhire sepanjang perjalanan luwih akéh ngobrol karo P.Sugeng. Jaaan marem banget langka mandhege sekang Temanggung gutul Alun2 Purbalingga ora pedhot nggole Crita Budaya banyumas karo sejarah jaman jawa kuna. Maturnuwun P.Sugeng kula dadi nambah ngelmu crita Banyumasan terutama kuwe crita buku2 kuna sing nganggo aksara jawa, lan budaya banyumasan sing jebul umuré luwih tuwa tenimbang crita jaman Mataraman... Oh... KaBéJé-KaBéJé jebulé acarané kaya kuwé pantes ragadé nganti milyaran. Kabéjé ngembén bisa melu maning ora yaaa???. |
|