free hosting   image hosting   hosting reseller   online album   e-shop   famous people 
Free Website Templates
Free Installer

Dadi Pemakalah
13 September 2006

Dadi Pemakalah Komisi Pendidikan Formal
Urutan sekang Kiwé P. Aryo (Pimred PS), P. Moderator, Inyong

Jadwal presentasi sing ketulis neng buku panduan KBJ neng Sidang ke VII Komisi I dimulai jam 13.00 tapi nyatane molor nganti jam 13.30 nembé dimulai, padahal nyong karo P. Aryo wis nunggu neng ruang Poncowati sekang Jam 12.45. Jarene panitia nyong sekalian digoléti muter-muter tapi ora ketemu, lha arep ketemu keprimén tahu kenalan baé ora kenal ya durung? padahal ana mick sing kena dienggo kanggo ngundang peserta lan pemakalah... Jaaannn protokolé keprimén si...???!!!! Sedurungé nyong karo P. Aryo wis rembugan nék presentasine sedhela bae, tapi diakehi sesi tanya jawab, soale jarené mengko mesthi akéh pertanyaan, daripada kesuwén mbabar makalah luwih apik tanya jawab baé bén luwih mantep. Sing luwih ngagéti maning Pemandu ngendika nék mengko angger mbabar makalah kudu nganggo bahasa jawa, jaan tambah bingung. Arep ora bingung kepriwé jajal, nyong wis siap2 karo bhs Indonesia (soalé makalaéh karo bhs Indonesia) trus isiné kuwé Komputerisasi aksara jawa apa ora mumeti..?*#$&! Akhiré dengan kenekatan aku menyampaikan dengan menggunakan bahasa Banyumasan yang ngoko alus dan benar sekaligus karo glagepan. Wis mbuh ora urus.. sing penting nyong ngecuprus dhéwék arep padha ngerti ora, apa padha ngguyu ngakak nyong ora perduli. Sesi pertanyaan sing kuduné nganti telung Sesi namung akhiré kur bisa dadi se-sesi sebabé wektune wis entong. arep ora kentongan primen jajal, sing takon wong 5 tapi saben wong pertanyaané nganti 3-4 pertanyaan. nyong sing kebanjiran pertanyaan nganti 20 pertanyaan dhéwék. Akhiré rampung presentasi jam 15.15, dadi molor nganti 15 menit. Bubar presentasi Sekrudugan padha maju maring ngarep, pokoké macem2 karepé ana sing arep tuku Pallawa, ana sing njaluk Kartu nama, ana sing njaluk ngcopy font hanacaraka, ana sing pesen Pallawa ana juga sing ésih arep takon maning merga mau durung keduman takon, malahan ana sing njaluk foto2... lho Bu kula niki sanés bintang sinetron, dénéng sami ngrubungi kepéngin Foto bareng. . . ana-ana baén ya..

 

Crita KBJ Liyané
Pembukaan KBJ IV
11 September 2006 08.00
"Njagong neng Sebelahe Pak Haris"

Logo KBJ IV Semarang

Wektu kuwé acara pembukaan KBJ wis diwiwiti kanthi sambutan ketua Panitia Bp. Sutadi. Ijig-ijig ana 'peserta' kongres sing nembé teka nganggo seragam Pemda terus takon maring inyong 'Kursi sebelah wonten sing manggeni' tek jawab 'Mboten pak, téksih kosong'. Trus nyong mlirik maring klambi seragamé tek deleng ana logoné Pemda Banyumas, Sengertiku Pemda Banyumas sing melu kuwe Bapak Bupati (P.Aris) tapi tek deleng ko nyong durung kenal karo panjenengané, sewisé ngobrol ngalor ngidul nembé nyong ngerti Jebulé sing neng Sebelahku kuwé asmané P. Haris putra Ajibarang sing durung suwé njabat dadi Kadiknas Banyumas. Nggolé ngobrol nyong tambah kemrucus ora preduli panjenengané nggatékna apa ora sing penting nyong wis ngetokna kabéh pemikiran lan unek-unek keprimén supaya wong banyumas tetep padha nguri-nguri budaya Banyumasan, nék bisa kabeh lapisan masyarakat bisa kerangkul sekang rakyat biasa tekan para pemikir lan birokrat supaya padha bareng-bareng nyengkuyung budaya Penginyongan kiyé. Ngapunten nggih Pak Kula kathahen ndopok, akhiré P. Haris saréan neng kursi mbuh merga ngantuk ngrungokna nyong, apa jalaran ngantuk merga tindak sekang Purwokerto jam 03.00 esuk...

Pembukaan KBJ IV neng Bp. Mendiknas Bambang Sudibyo mewakili Presiden.

 Cheap Web Hosting   lonex hosting   online poker   Resellers Lonex   online casinos   links    hosting by fateback   hosting reseller 
Free Links
Free Image Hosting, Web Hosting, Architectural Projects in Bulgaria, Celebrity, Web Space
Web Page Hosting
Nginep neng Patra Hotel
10-14 September 2006

Tekan ngarep Hotel PatraJasa kira2 jam 13.00an mlebu lobby hotel disambut Penerima tamu hotel terus nyong langsung takon lan dijujugna neng ruan Pendaftaran KBJ. Jebule nek Pemakalah ora perlu ndaftar tapi langsung chek in neng resepsionis trus di néi kunci kamar sing wis dibagi menurut sesi sidang. Nyong olih kamar no 506, bareng karo Office boy munggah neng lantai 5 nduwur dhewek, tur nék ndeleng njaba langsung keton Bukit Srondhol sing siki keton gersang tur akeh tanduran Tower GSM-mé.

Neng ngarep Patrajasa

Mbukak kamar hotel jebule neng njero wis ana wong loro siji lagi lungguh nonton TV sijine lagi turon neng kasur. Akhiré kenalan karo sing lagi mirsani TV, Oalah.. jebul Wartawan PS (Panjebar Semangat) asmané P. Aryo Tumoro dudu Tomorrow lho sing dadi pimredé. sing lagi sare-an asmane P. Wijoto sing kagungan asma singlon Pakde Darmo pengasuh Rubrik Maca Lan Nulis aksara Jawa neng Majalah PS. Wis istilahe wong banyumas kuwe Tumbu ketemu Tutup alias Klop Banget, nyong kepengin nggoleti info Majalah PS wartawan PS uga nggoleti nyong arep wawancara. Oh ya neng kene aku juga kepethuk karo Ahmad Tohari (Penulis Ronggeng Dukuh Paruk, Jeginger), Utusan Sekang Suriname (Paul Somohardjo, Tatap Kliwon dkk) lan uga pemakalah-pemakalah liyané.

Paul Somohardjo (ketua parlemen Suriname) aweh bantuan kanggo korban lindhu Jogja, dipasrahaken marang Gubernur Jogjakarta

|Joglo|Carakan|KBJ 4|Bunyi Aks Jawa|
|Logat Banyumasan|Parikan|Ular-ular|Paribasan|
|Cangkriman|Buku Tamu||Download Hanacaraka Font|
|KAMUS BAHASA JAWA|
Ketemu Pak HW lan Dosen2 UI
12 September 2006
 

Sedurunge maring Semarang nyong janjian karo P. HadiWaratama (Mantan Dosen ITB sing dadi sesepuh Masy. Sunda -padahal kelahiran Ambarawa- lan uga Peminat Buku-buku kuna kesusateraan jawa, khususé sing nganggo tulisan aksara jawa) nék kepéngin ketemu neng arena KBJ. akhire pas hari I bisa ketemuan neng Lobby Gedung Poncowati. Wis rasa penasaran sing biasane kur kesambung liwat SMS siki bisa tumplek brek, kabeh unek2 lan crita tentang Pallawa lan Komputerisasi aksara jawa sambung sinambung ora leren2, nganti ora krasa ndopokan neng ngarep lobby kurang luwih 2,5 jam jam 9.30 nganti jam 12.00 awan.

Dosen-Dosen UI Jakarta

Aku, Mas Rahmat, Bu Woro, Bu ??? karo Bu Rini.

Seliyane kuwe nyong uga wis dipeseni Bu Rini sing arep tumbas PALLAWA, tapi nyong durung sempat ngirim. Akhire nyong SMS panjenengané, lha ternyata juga arep tindak neng KBJ akhire ya Wis... Pakete di wadhahi koper trus janjian ketemu neng Semarang. Bu Rini Serombongan (dosen2 UI Jakarta) ana 5. Sengaja ngrawuhi KBJ sekalian kpengin mirsani gregete KBJ sing dadi puncak kegiatane pemikir2 lan praktisi budaya lan sastra Jawa. Terus kenalan uga karo Bu Woro sing ternyata peneliti naskah kuno aksara jawa sing naté berburu naskah Crita Wayang China nganti tekan negeriné Hitler alias Jerman. Mutie, Guten Morgen ... Wie Geht....

Crita KBJ Liyané

Oleh - Oleh KBJ IV
Mangkat KBJ
10 September 2006

Sebenere nyong wis bebeh mangkat KBJ, Soalé wis pirang wulan surat undhangané tek tunggu tapi ora teka2 meh kurang semingguan nembé suraté teka, mepet banget tumrapé inyong, sebabé kudu nyiapna materi makalah kanggo komputer (jané wis dadi tapi komputer sing sijine rusak memoriné, dadiné datané ora sempat dijiyot soalé OéSsé Beda karo sing siki nggo ngetik) nganti ora sempat nyiapna barang nggo dodolan, maksudé kepengin dodol PALLAWA neng Konggres.

Akhiré dina minggu ésuk jam 07.00 mangkat sekang Purbalingga (soalé bali Bocari dhisit njaluk restu maring rama-biyung) tepaté neng pretelon Mirah tapi siki terkenale pertelon Kompo...;( Numpak Travel Tri Kusuma mbayar 55.000 pérak. njagong neng ngarep sebelah supir sing wis sepuh-soale wis padha uwanen- neng pinggir lawang sing tengah (ora ngerti jenenge padhahal wis ngobrol ngalor ngidul) pegawai BPD Jateng Banjarnegara alumnus Unsoed sing asli Semarang, tapi garwane asliné wong Bobosan. Piyambaké ngaku senajan asli kelairan Semarang tapi nek kon manggon neng Semarang wis Wegah, mergané seliyané panas uga siki wis keton semrawut, kepenak manggon neng Purwokerto Kotane esih tenang, adhem tur sing jelas siki Garwa karo putrane wis cocok urip neng Purwokerto. Deneng kaya enyong ya siki dadi betah neng Praketa.

CopyRight © 2004
Design by Teguh Budi Sayoga
Pamungkasing
warta lan isi dipun kirim ing (last update)
Friday, September 21, 2007

Website resmi aksara jawa