webhosting   Cheap Reseller Hosting   links    free hosting by fateback   hosting reseller   100WebSpace offers 100MB Web Space 
Free Links
Free Image Hosting, Web Hosting, Architectural Projects in Bulgaria, Famous People & Celebrity Search, Web Page Hosting
|Joglo|Kawruh Basa|Babad|Aksara Jawa|
|Parikan|Tembang|Paribasan|Buku Tamu|
|Download Font Jawa |Dokumentasi|Situs|

CopyRight © 2004
Design by Budi Sayoga
zignus@telkom.net
Pamungkasing warta dipun kirim ing Saturday, March 13, 2004

Tembung Kerata Basa
(makna kata dari penjabaran kata asalnya)
Tembung Kerata Basa
tembung
tegesé

anak   karep apa-apa kudu ana lan énak
bapak   bap apa-apa pepak
batur   embat-embating tutur
bocah   yén mangan kaya kebo, penggawéyané ora kecacah
brekat   didéléh mak breg terus diangkat
cangkem   yén ora dicancang ora mingkem
cangkir   kanggo nyancang pikir
cengkir   kencengé pikir
désémber   gedhé-gedhéné sumber
dongeng   dipaido ora méngéng
garwa   sigarané nyawa
gedhang   digeget bar madhang
guru    digugu lan ditiru 
gusti    bagusing ati 
januari    udan saben ari 
kaji    tekadé siji 
kathok    diangkat sitok-sitok 
kodhok    téka-téka ndhodhok 
krikil    keri nang sikil 
kuping    kaku njepiping 
kupluk    kaku nyempluk 
kursi    yén diungkuraké banjur isi 
ludruk    guluné gélo-gélo, sikilé gedrug-gedrug 
maling    njupuk amalé wong sing ora éling 
mantu    diéman-éman meksa metu 
maratuwa    mara-mara ketemu tuwa 
prawan    yén pepara(lelungan) kudu wayah awan 
saru    kasar lan keliru 
sejarah    sejané ngarah 
sekuter    sambi sendheku mlayu bantur 
sepuh    sabdané ampuh 
simah    isiné omah 
sinom    isih enom 
sirah    isiné rah 
siti    isiné bulu bekti 
sopir    yén ngaso mampir 
sulap    yén kesusu bakal ketilap 
tandur    nata karo mundur 
tapa    tatané kaya wong papa 
tarub    ditata supaya katon murub 
tayub   ditata supaya katon guyub
tebu   antebé kalbu
tuwa   untuné wis rowa, ngenténi metuné nyawa
wanita   wani ditata
wédang   dianggo gawé kadhang
wedhus   suwé ora tau adus
weteng   ruwet tur peteng