webhosting   Cheap Reseller Hosting   links    free hosting by fateback   hosting reseller   100WebSpace offers 100MB Web Space 
Free Links
Free Image Hosting, Web Hosting, Architectural Projects in Bulgaria, Famous People & Celebrity Search, Web Page Hosting
Tembung Entar
  abang kupinge
=
nesu banget
  abang-abang lambe
=
ora tenanan, mung lelamisan
  adus kringet
=
nyambut gawe abot banget
  adus luh
=
nemen anggoné nangis
  bening atiné
=
sumeh
  bukak wadi
=
ngandhakaké wewadiné
  cagak elék
=
camilan supaya betah melékan
  cilik atiné
=
gampang nesu
  cepak rejekiné
=
gampang olih rejeki
  cepak jodhoné
=
gelis oleh jodho
  dadi gawé
=
ngrepotaké
  dawa-dawa ula
=
perkara sing ora uwis-uwis
  dhuwur atine
=
gumedhé
  empuk rembugé
=
gunemé énak dirungokaké
  entek atiné
=
kuwatir banget / kewedén
  entheng tangané
=
seneng tandang gawé
  gedhe endasé
=
sombong
  gedhe omongé
=
omonge ora ana nyatané
  gilig rembugé
=
rembuge pasti
  idu geni
=
omongane tansah kelakon
  ilang klilipé
=
ilang musuhé
  jembar dhadhane
=
sugih pangapura
  jembar kawruhé
=
akeh ngilmuné
  jero kawruhé
=
akeh ngilmuné, pinter
  kadalu warsa
=
wis kliwat, kasép
  kandel kupingé
=
ora nggugu pitutur
  lambé tipis
=
ceriwis / akeh omongé
  landhep pikirané
=
pinter banget
  larang pangan
=
paceklik
  luhur budiné
=
kelakuané becik
  manis ésemé
=
esemé nyenegaké ati
  mateni pangané
=
gawe ilang panguripané
  ngangsu kawruh
=
golek ngilmu, meguru
|Joglo|Kawruh Basa|Babad|Aksara Jawa|Makna Aks. Jawa|
|Parikan|Tembang|Paribasan|Buku Tamu|
|Download Font Jawa |Dokumentasi|Situs|

CopyRight © 2004
Design by Budi Sayoga
zignus@telkom.net

Tembung Entar
kata ganti menyangatkan