| free hosting image hosting hosting reseller online album e-shop famous people | ||
![]() ![]() |
||

(Pada jaman dahulu, di Pulau Majethi hidup seorang satria tampan bernama Ajisaka.Selain tampan, Ajisaka juga berilmu tinggi dan sakti mandraguna. Sang Satria mempunyai dua orang punggawa, Dora dan Sembada namanya. Kedua punggawa itu sangat setia kepada pemimpinnya, sama sekali tidak pernah mengabaikan perintahnya. Pada suatu hari, Ajisaka berkeinginan pergi berkelanan meninggalkan Pulau Majethi. Kepergiannya ditemani oleh punggawanya yang bernama Dora, sementara Sembada tetap tinggal di Pulau Pulo Majethi, diperintahkan menjaga pusaka andalannya. Ajisaka berpesan bahwa Sembada tidak boleh menyerahkan pusaka tersebut kepada siapapun kecuali kepada Ajisaka sendiri. Sembada menyanggupi akan melaksanakan perintahnya.
Ganti cerita, pada masa itu di tanah Jawa terdapat negara yang terkenal makmur, tertib, aman dan damai, yang bernama Medhangkamulan.Rajanya bernama Prabu Dewatacengkar, seorang raja yang luhur budinya serta bijaksana. Pada suatu hari, juru masak kerajaan mengalami kecelakaan, jarinya terbabat pisau hingga terlepas. Ki Juru Masak tidak menyadari bahwa potongan jarinya tercebur ke dalam hidangan yang akan disuguhkan kepada Sang Prabu. Ketika tanpa sengaja memakan potongan jari tersebut, Sang Prabu serasa menyantap daging yang sangat enak, sehingga ia mengutus Sang Patih untuk menanyai Ki Juru Masak. Setelah mengetahui bahwa yang disantap tadi adalah daging manusia, sang Prabu lalu memerintahkan Sang Patih agar setiap hari menghaturkan seorang dari rakyatnya untuk santapannya. Sejak saat itu Prabu Dewatacengkar mempunyai kegemaran yang menyeramkan, yaitu menyantap daging manusia. Wataknya berbalik seratus delapanpuluh derajat, berubah menjadi bengis dan senang menganiaya. Negara Medhangkamulan beubah menjadi wilayah yang angker dan sepi karena rakyatnya satu persatu dimangsa oleh rajanya, sisanya lari menyelamatkan diri. Sang Patih pusing memikirkan keadaan, karena sudah tidak ada lagi rakyat yang bisa dihaturkan kepada rajanya.
Pada saat itulah Ajisaka bersama punggawanya, Dora, tiba di Medhangkamulan. klawan punggawane, Dora, tumeka ing Medhangkamulan. Heranlah Sang Satria melihat keadaan yang sunyi dan menyeramkan itu, maka ia lalu mencari tahu penyebabnya. Setelah mendapat keterangan mengenai apa yang sedang terjadi di Medhangkamulan, Ajisaka lalu menghadap Rekyana Patih, menyatakan kesanggupannya untuk menjadi santapan Prabu Dewatacengkar. Pada awalnya Sang Patih tidak mengizinkan karena merasa sayang bila Ajisaka yang tampan dan masih muda harus disantap Sang Prabu, namun Ajisaka sudah bulat tekadnya, sehingga akhirnya iapun dibawa menghadap Sang Prabu. Sang Prabu tak habis pikir, mengapa orang yang sedemikian tampan dan masih muda mau menyerahkan jiwa raganya untuk menjadi santapannya. Ajisaka mengatakan bahwa ia rela dijadikan santapan sang Prabu asalakan ia dihadiahi tanah seluas ikat kepala yang dikenakannya. Di samping itu, harus Sang rabu sendiri yang mengukur wilayah yang akan dihadiahkan tersebut. Sang Prabu menyanggupi permintaannya. Ajisaka kemudian mempersilakan Sang Prabu menarik ujung ikat kepalanya. Sungguh ajaib, ikat kepala itu seakan tak ada habisnya. Sang Prabu Dewatacengkar terpaksa semakin mundur dan semakin mundur, sehingga akhirnya tiba ditepi laut selatan. Ikat kepala tersebut kemudian dikibaskan oleh Ajisaka sehingga Sang Prabu terlempar jatuh ke laut. Seketika wujudnya berubah menjadi buaya putih. Ajisaka kemudian menjadi raja di Medhangkamulan.
Setelah
dinobatkan menjadi raja Medhangkamulan, Ajisaka mengutus Dora pergi kembali ke Pulo
Majethi menggambil pusaka yang dijaga oleh Sembada. Setibanya di Pulo
Majethi, Dora menemui Sembada dan menjelaskan bahwa ia diperintahkan
untuk mengambil pusaka Ajisaka. Sembada tidak mau memberikan pusaka
tersebut karena ia berpegang pada perintah Ajisaka ketika meninggalkan Majethi.
Sembada yang juga melaksanakan perintah Sang Prabu memaksa
meminta agar pusaka tersebut diberikan kepadanya. Akhirnya kedua
punggawa itu
bertempur. Karena keduanya sama-sama sakti, peperangan berlangsung
seru, saling menyerang dan diserang, sampai keduanya sama-sama
tewas.
Kabar
mengenai tewasnya Dora dan Sembada terdengar oleh Sang Prabu Ajisaka. Ia sangat
menyesal mengingat
kesetiaan kedua punggawa kesayangannya itu. Kesedihannya mendorongnya
untuk menciptakan aksara untuk mengabadikan kedua orang yang dikasihinya
itu, yang bunyinya adalah sebagai berikut:)
Duk
ing nguni, ing Pulo Majethi ana satriya kang bagus rupané kang sesilih Ajisaka. Kajaba
bagus lan sekti mandraguna, Ajisaka uga wicaksana. Sang Sinatriya kagungan
punggawa loro cacahé, Dora lan Sembada arané. Punggawa loro mau banget
setyané marang pepundhèné, babar pisan ora tau nglirwakké apa kang dadi
dhawuhé bendarané. Ing sawijining dina, Ajisaka arsa tindak lelana ninggalaké Pulo
Majethi. Tindaké nganthi punggawané kang aran Dora. Déné Sembada ditinggal
ana Pulo Majethi, kautus njaga pusaka piyandelé. Sang Sinatriya wanti-wanti
menawa Sembada ora dikeparengaké masarahaké pusaka mau marang sapa waé kajaba
marang dirining pribadhi. Sembada ngèstokaké dawuh.
Ganti
carita, duk rikala semana ing tanah
Jawa ana negara kang misuwur gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta
raharja, kang aran Medhangkamulan.Ratuné ajejuluk Prabu Déwatacengkar,
sawijining ratu kang luhur bebudèné lan wicaksana. Sawijining dina, juru
masak keraton ngalami kacilakan, drijiné kepapras lading nganti tugel.
Ki Juru Masak ora nglegéwa menawa tugelan drijiné nyemplung ana daharan
kang kacawisaké ing ngarsané Sang Prabu. Nalika ora sengaja ndhahar tugelan
driji mau, Sang Prabu rumangsa ndhahar daging kang énak banget rasané,
banjur ngutus patihé ndangu Ki Juru Masak. Sawisé ngerti yèn sing didhahar
mau daging menungsa, Sang Prabu banjur ngutus Sang Patih supaya saben ndina
ngaturaké salah siji rakyaté kanggo daharané. Wiwit kedadéyan kuwi Prabu
Déwatacengkar duwé kekareman kang banget nggegirisi, yakuwi ndhahar daging
menungsa. Wewatekané malik grémbyang, malih dadi wengis lan seneng
tumindak deksura. Negara Medhangkamulan malih dadi wewengkon kang wingit
lan sepi awit kawulané siji mbaka siji kamangsa dèning ratuné, sisané mlayu
mburu slamet. Sang Patih judeg pikiré awit wis ora ana manèh kawula kang
bisa kacaosaké marang ratuné.
Ing
wektu kuwi, Ajisaka klawan punggawané,
Dora, tumeka ing Medhangkamulan. Gumun penggalihé Sang Sinatriya mirsani
kahanan kang sepi lan tintrim banjur golèk sisik melik. Sawisé éntuk katrangan
ngenani apa kang nembé dumadi ing Medhangkamulan, Ajisaka banjur sowan
ing ngarsané Rekyana Patih, ngaturaké kasaguhané dadi dhaharané Prabu Déwatacengkar.
Wiwitané Sang Patih ora nglilani awit ngéman Ajisaka kang bagus rupané tur
isih mudha, nanging Ajisaka wus gilig tékadé mula banjur kelakon kairid
séba ing ngarsané Sang Prabu. Sang Prabu gumun banget penggalihe merga
ana wong bagus lan isih anom teka ndadak masrahké jiwa ragané nedha kamangsa.
Ajisaka nuli matur yèn piyambaké lila legawa kamangsa dèning Sang Prabu
sauger kaparingan tanah jembaré saukuran iket sing kaagem. Kejaba kuwi,
kudu sang Prabu dhéwé kang ngukur wewengkon kang bakal kaparingaké kuwi.
Sang Prabu nayogyani panuwuné. Ajisaka nuli ngaturi Sang Prabu ndudut pucuking
iket. Eloking lelakon, iket mau kaya ora entèk-entèk kalukar. Sang Prabu
Déwatacengkar kepeksa saya mundur saya mundur, wusanané tumekaning pinggiring
segara kidul. Iket nuli kakipataké dèning Ajisaka saéngga Sang Prabu kontal
nyemplung segara. Sanalika wewujudané malih dadi bajul putih. Ajisaka nuli
jumeneng ratu ing Medhangkamulan.
Sawisé winisuda dadi Ratu Medhangkamulan,
Ajisaka utusan Dora supaya bali menyang Pulo Majethi njupuk pusaka kang
kajaga dèning Sembada. Satekané ing Pulo Majethi, Dora nemoni Sembada lan
mrathelakaké yèn kautus njupuk pusakané Ajisaka. Sembada ora gelem ngulungaké amarga
ngugemi dhawuhé Ajisaka nalika ninggalaké Pulo Majethi. Sembada kang uga
ngugemi dawuhé Sang Prabu meksa njaluk supaya pusaka kaulungaké. Pungkasané punggawa
loro mau banjur pancakara. Amarga padha digdayané, paprangan lumaku ramé,
silih ungkih genti kalindhih, nganti loro-loroné mati sampyuh.
Kabar
pralayané Dora lan Sembada kepireng
dèning Sang Prabu Ajisaka. Getun banget penggalihé sang Prabu ngelingi
kasetyané punggawa kinasihé. Rasa sungkawané anjalari sang Prabu ngripta
aksara minangka pepéling marang paraga kinasihé, kang uniné mangkéné:

CopyRight © 2004
Design by Budi Sayoga
zignus@telkom.net
Ha |
Na |
Ca |
Ra |
Ka |
Ana utusan (ada
utusan) |
||||
Da |
Ta |
Sa |
Wa |
La |
Padha kekerengan (saling
berselisih pendapat) |
||||
Pa |
Dha |
Ja |
Ya |
Nya |
Padha
digdayané (sama-sama
sakti) |
||||
Ma |
Ga |
Ba |
Tha |
Nga |
Padha
dadi bathangé (sama-sama
mejadi mayat) |
||||